Lirik
Syi’ir
Tanpo Waton
Astaghfirulloh...Robbal
baroyaah....
Astaghfirulloh...Minal
Khothoyah....
Robbi
zithni..'ilmannafii'aa...
Wawaffiqni...'Amalaan
sholikha....
Ya roshulalloh..salam mun'alaika...
Ya rofi'asyaaniwaddaarojii....
'Athfataiyajii
rotal'alaami...
Ya Uuhailaljudiwalkaromi.....2X
Ngawiti
ingsun...nglara syi'iran...
Kelawan
muji pareng pengeran...
Kang
paring rohmat lan kenikmatan...
Rino
wengine....tanpo pitungan....2X
Duh bolo konco...prio
wanito....
Ojo mung ngaji syare'at
bloko....
Gur pinter dongeng nulis lan
moco...
Tembe mburine...bakal
sangsoro....2X
Akeh
kang apal....Qur'an Hadist e...
Seneng
Ngafirkeh marang liyane...
Kafir e
dewe Ga' di gatekke...
Yen
isih kotor...ati akale...2X
Gampang kabujuk...Nafsu
angkoro...
Ing pepaese Gebyare ndunyo....
Iri lan meri sugi e tonggo...
Mulo atine...peteng lan
Nisto...2X
Ayo
sedulur...Jo nglale ake...
Wajib e
ngaji sak pranatane...
Nggo
ngandelake iman Tauhid e...
Baguse
sangu...mulyo matine...2X
Kang aran sholeh...bagus
atine...
Kerono mapan
sari ilmune...
Laku torekot lan
ma'rifate...
Ugo
hakekot...manjing rasane...2X
Alqur'an
kodhim...wahyu minulyo...
Tanpo
tinulis iso diwoco...
Iku
wejangan guru waskito...
Den
tancep ake ing njero dodo...2X
Kumantel ati...lan pikiran...
Mrasuk ing badan
kabeh njeroan...
Mukjizat rosul dadi
pedoman...
Minongko dalan...manjing
e iman...2X
Kelawan
Alloh...Kang maha Suci...
Kuduh
rangkulan rino lan wengi...
Di
tirakati di riadhoi...
Dzikir
lan suluk jo nganti lali...2X
Urip e ayem...rumongso
aman...
Dununge roso tondo yen
iman...
Sabar nerimo snajan
paspasan..
Kabeh tinakdir saking
pengeran...2X
Kelawan
konco...dulur lan tonggo...
Kang
podo rukun ojo daksio...
Iku
sunnah e rosul kang mulyo...
Nabi
muhammad...panutan kito...2X
Ayo nglakoni...sekabeane...
Alloh kang bakal ngangkat
drajate...
Senajan ashor toto
dhohire...
Ananging mulyo makom drajat
e...2X
Lamun
palastro...ing pungkasane...
Ora
kesasar roh lan sukmane...
Den
gadang Alloh syuargo manggone...
Utuh
mayite...ugo ules...2X
Ya
roshulalloh..salam mun'alaika...
Ya
rofi'asyaaniwaddaarojii....
'Athfataiyajii
rotal'alaami...
Ya
Uuhailaljudiwalkaromi.....2X
Tidak ada komentar:
Posting Komentar